Selasa, 24 April 2012

contohe cerkak bahasa jawi(njaluk tulung

 NJALUK TULUNG
(dening: Heri jaya prayoga)

            WARSIH esuk iku dhewekan ing omah. Pak Dirdjo karo garwane wiwit wingi tindak  Semarang kondangan adine mantu putrane putri. Dene mas Didiet putrane mbarep bu Dirjo mangkat kuliah esuk-esuk mau.
            Warsih nderek keluargane pak Dirdjo wis rong taun iki. Dheweke kepeksa ninggalake kutha Wonosari asline, nyambutgawe ing Yogya, abot-abote kepengin nyekolahake anake wadon siji ben bisa nutugake sekolah sawise tamat SMP mengko. Ora kaya Warsih dhewe sekolahe mung tekan kelas 1 SMP medhot. Tansah keprungu pesene bojone sadurunge tinggal donya, nggadang-nggadang anake wadon sabisa-bisane sekolah saora-orane lulus SMU.
            Durung jam sewelas awan, kabeh gawean ngomah kuwajibane Warsih wis rampungan. Mumpung lagi dadi “panguwasa tunggal” ing omah loji gedhe iki, dina iku bisa tumindak apa wae. Nyoba nyetel TV ing ruwang tengah, lagi sedhela bosen. Pindah ing teras ngarep nggejojor ing kursi males. Meja cilik ing sisihe ana segelas wedang kopi panas lan sepiring pacitan. Karo ngrungokake radio cilik siaran Radio Retjo Buntung, mripate melek merem lan lambene comuk-camuk. Ah, pancen laras temenan. Rasane kaya “nyonya boss besar” wae. Mula pancen enak dadi wong sugih!
            “Kula nuwun. Sugeng siyang, bu!!”
            Warsih kaget, njenggelek. Ngereti-ngerti ana pawongan wanita setengah umur nyedhaki dheweke.
            “Kula kepareng matur, bu. Kula bade nyuwun tulung…..” ujare wanita mau sawise dilungguhake Warsih ing kursi teras cedak kursi males. Nitik nyandhang penganggone wanita sepantaran bu Dirjo mau ngatonake wong kecingkrangan. Raine pucet kumel ngemu wewayangan urip kebak susah.
            “Kersa penjenengan punapa?” pitakone Warsih karo namatake tas plastik sing dicangking tamune.
            “Kula badhe nyade kain batik punika, bu……..” ature wanita mau karo ngetokake barang saka tas sing digawa.
            “Wah, sapunika bapak ibu nembe tindak. Kula piyambakan wonten griya,” wangsulane Warsih. Dheweke ngira wong wadon iku sawijining sales sing mlebu metu saben omah nawakake dagangan.
            “Kula betah kaliyan ibu kemawon,” sumaure tamune karo nginguk dalan ngarep omah. Warsih mbedek tamune iki ngira yen dheweke sing nduwe omah gedhe iku.
            “Punika dipun sade pinten?” pitakone Warsih sawise kain bathik dibukak-bukak kanggo pantes-pantes. Kain bathik cap-capan kasar dawane paling karotengah meter.
            “Seket ewu, bu. Kain punika taksih enggal!”
            “Mosok kain kasar ngene regane seket ewu. Kala wingi kula tumbas langkung alus mung selawe ewu.”
            “Menawi mboten kepepet kain punika mboten kula sade. Lare kula sakit. Kula warandha katilar pejah. Kula betah arta seket ewu rupiah kangge nebus resep obat anak kula,” ujare wanita mau karo bola-bali nginguk dalan ngarep omah. Warsih nggregel. Nasibe tamune iku kaya aku wae, batine. Kepeksa golek pangupa jiwa dhewe merga ditinggal sing lanang mati.
            “Nek seket ewu kok kawisen,” panganyange Warsih.
            “Betah kula ngge tumbas regine obat seket ewu. Menawi ibu saged mbiyantu kula…..” sumaure tamune karo tolah-toleh mengarep maneh. Lungguhe ketok ora jenjem.
            “Kenging punapa kok sajak bingung. Wonten ingkang ditengga, bu?”
            “Mboten….Punika, lho ……. Tim……. Tim…”
            “Tim punapa?”
            “Ah, mboten, kok….…..” wangsulane tamune lirih sajak keweden.
            Krungu tembung “tim” Warsih banjur kelingan angger ana siaran acara MINTA TOLONG ing TV RCTI dheweke karo bu Dirjo mesthi nonton. Warsih kaget ing dhadhane tuwuh pangarep-arep.
            “Dos pundi kersa mundhut kain kula, bu?” ujare tamune ndheseg.
            “Sekedhap, bu……” ujare Warsih. Dheweke menyat ninggalake tamune. Warsih metu tekan lawang pager noleh ngiwa nengen. Banjur nyedhaki tamune maneh sing isih lungguh ing teras.
            “Nggih mboten ketingal. Nembe ngetingal sak jam utawi kalih jam mangke…… Menawi penjenengan kersa mundhut kain nika, sapunika reginipun ……kalih atus ewu!”
            “Lho piye, ta? Durung-durung kok wis mundak tikel papat.”
            “Nggih sampun nek penjenengan mboten kersa. Kalih yuta mawon penjenengan taksih bathi kathah,” gemremenge tamune karo ringkes-ringkes barange. Warsih niteni ing acara tv MINTA TOLONG sawise nuku barang sing didol, let sedhela banjur ana wong sing nyedhaki menehi dhuwit akeh minangka piwalese wong sing wis gelem tetulung. “Rejeki”, mengkono ujare wong mau sing ora liya salah sijine “tim”.
            “Nggih kula purun. Dirantos, kula tak mendhet arta rumiyin,” kandhane Warsih karo mlebu ngomah. Dhuwit blanjane sewulan sing telung dina kepungkur diparingi bu Dirjo di jupuk separo banjur diwenehake tamune mau.
            “Matur nuwun, bu. Penjenengan nengga kemawon wonten ngajengan. Mangke nek tim dateng  rak lajeng kepanggih. Nggih punika rejekine tiyang sing remen tetulung kados ibu punika, “ memgkono ujare tamu wadon mau karo pamitan.
            Warsih mung manthuk-manthuk mesem seneng. Kain bathik sing bar dituku rongatus ewu rupiah mau wis ora digantekake maneh, barang ora mbejaji. Dhuwur-dhuwure pengaji rongpuluh ewu wis apik!
            Warsih lungguh ing kursi teras. Ing atine thukul pengangen-angen. Mengko nek entuk dhuwit “rejeki” akeh kaya ing tv kae dhuwit eketan ewon sabengket, apese limang yuta rupiah! Wah, bisa enggal-enggal nukokake speda Palupi anake wadon, uga jam tangan sing didama-dama wiwit palupi isih kelas-6 SD. Utange karo lik Sadiyem limang atus ewu bisa dilunasi. Bisa tuku ali-ali emas limang gram nggo ijole ali-aline sing wis diedol ndek bojone mlebu panti-usada marga kacilakan. Bisa tuku busana Muslim sing nganggo renda-renda endah……… Wah, isih akeh maneh rancangan nanjakake dhuwit limang yuta mau. Kanthi gegambaran kabeh mau ndadekake raine Warsih bingar, lambene tansah mesem seneng.
            Durung nganti sejam sawise kuwi, Didiet bali saka kuliah. Warsih uga mlebu njero ngomah. Ngladekake dhahar awan cepet-cepet metu lungguh ing kursi teras. Terus menyat nyedhak lawang pager noleh ngiwa nengen nyawang dalan gedhe, ora ana wong mlaku. Bali maneh lungguh kursi ing teras. Bubar mangan Didiet metu ing teras ngaruh-aruhi Warsih.
            “Ana apa kok sajak kesusu-susu, mbak? Ana sing dienteni?”
            ”Mboten kok, mas Didiet…….”
            “Ketoke pikirane mbak Warsih kok ora jenjem. Omonga mbok menawa butuh pitulunganku.”
            Karo mas Didiet Warsih rumangsa wis cedhak, kaya patrape mbakyu-adi. Mula dheweke waleh nyritakake kabeh kedadeyan mau.
            “Ketoke kowe kapusan, mbak.” ujare Didiet karo nyawang Warsih sing isih ngetokake rai sumringah bungah.
            “Jam pira kedadeyane, mbak?” pitakone Didiet kiaro isih ngremet-ngremet kain bathik kasar mau.
            “Kalih jaman, mas” wangsulane Warsih wiwit bingung.
            “Aku tak metu ndisik. Mau baline tamu ngalor apa ngidul?”
            Didiet ngetokake speda motore mlaku mengalor kaya sing dikandhake Warsih. Setengah jam Didiet wis bali, melas nyawang Warsih sing isih lungguh dheleg-dheleg ing kursi teras.
            “Bu Harto RT sebelah ya kapusan mbak. Wingenane tanggane kancaku ya diapusi model kaya iku,” critane Didiet. Warsih sanalika lemes dedes. Dhuwit rong atus ewu, separo bayare sewulan ilang muspra.
            Sorene pak lan bu Dirjo kondur, Didiet wadul karo bapake.
            “Jaman saiki akeh wong apus-apus. Awake dhewe kudu ngati-ati,” ngendikane pak Dirjo sabubare dhahar bengi. Warsih sing dikandhani mung tumungkul, mripate mbrebes mili. “Wong niyate tetulung rak tanpa pamrih. Lha kowe tetulung kagawa kepengin entuk rejeki limang yuta. Tontonan ing tv kae bisa pancen gambaran lelakon wong tetulung tanpa pamrih, nanging ya bisa wae diatur kaya sinetron, mung kanggo hiburan pamirsa. Saiki pancen akeh wong julig. Mumpung akeh wong seneng nonton acara tv, melu-melu ethok-ethok dadi paraga “minta tolong
            “Ya suk mben maneh sing luwih ngati-ati. Dhuwitmu sing kapusan mau mengko ben diijoli ibu……..”
            “Kain kaya ngene iki sepuluh ewu wae ora payu,” ujare bu Dirjo njereng-njereng kain batik pengaji rong atus ewu mau karo ngguyu cekikan.
            “Matur sembah nuwun bapak-ibu…….” ature Warsih karo nangis sesenggukan.
                                                                       
                                                                        oo0oo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar